ASAL USUL KENDAL
Bhatara
Katong utowo Sunan Katong karo pasukane tekan ing Kaliwungu lan milih
panggonan ing pegunungan penjor utowo pegunungan telapak kuntul
melayang. Pirang-pirang tokoh ing rombongan kayata Ten Koe Pen Jian
Lien, Han Bie Yan lan raden panggung. Ing cerita tutur utowo cerita
rakyat, ketelu tokoh iku ing sawijineng dina kondang kanthi jeneng tekuk
penjalin, Kyai Gembyang lan Wali Joko.
Penyebaran
Agama Islam ing sekitar Kaliwungu ora ana alangan apa-apa. Nanging mlebu
tlatah kang rada ngulon ana sawijineng tokoh agama Hindu/Budha, dheweke
yaiku mantan petinggi kadipaten ing kerajaan majapahit kanggo tlatah
Kendal/Kaliwungu, sing jenenge Suro Menggolo utowo Empu Pakuwojo.
Disebutke
ing cerita tutur iku, dheweke yaiku petinggi Majapahit kang ahli gawe
gaman (pusaka) utowo empu. Dheweke Adipati Majapahit kang pusat
pemerintahane ing Kaliwungu / Kendal. Kanggo ngislamake utowo ngajak
Pakuwojo suporo mlebu agama Islam, ora gampang kayadene ngislamake
masyarakat biasa liyane. Biasane sifat gengsi lan krasa dadi taklukan
yaiku nyedaki bener. Amarga krasa duwe keluwihan, pengislaman kuwi
diwernoni nganggo adu kesakten kayadene Ki Ageng Pandaran ngislamake
para “ajar” ing perbukitan bergota / pulau tirang.
Kesepakatan
utowo syarat-syarat digawe nganggo rasa sadare ksatria pilih tanding.
“yen Sunan Katong saguh ngalahke, dheweke gelem mlebu Agama Islam lan
dadi muride Sunan Katong”. Pola adu kesakten kaya ngono pancen wis dadi
budayaning wong-wong biyen, kang luwih mentingake sportivitas pribadi.
“iki dadaku – endi dadamu” utowo” sapa sing nyerang dhisik, aku utowo
kowe”, lan isih akeh maneh cara-cara sing kaya ngono. Wong-wong biyen
pancen sithik kang nglakokake “perang limpe utowo prang golek
kelemahan”. Perang kelemahan iku diterapake yen wis kedadeyan perang
kang umum.
Karo
dibatiri 2 kancane lan 1 sedulure, adu kasekten mlaku kanthi rame.
Perang antarane Pakuwojo lan Sunan Katong sakliyane adu fisik uga adu
kekuatan awak sing angel ditiru karo wong biasa. Pakuwojo ora tau
menang, dheweke pingin mlayu lan umpetan ing pikirane. Sunan Katong ora
bakal ngerti yen dheweke umpetan.
Kebeneran
ing kono ana sawijineng wit gedhe kang bolong. Karo Pakuwojo dienggo
gawe panggonan umpetan supaya Sunan Katong ora ngerti. Nanging, amarga
ilmu kang diduweni, Sunan Katong bisa nemokake Pakuwojo. Banjur Pakuwojo
ngaku kalah.
Kaya janjine
Pakuwojo maune, banjur dheweke ngucapake 2 tembung syahadat gawe tandha
yen dheweke mlebu islam. Karo Sunan Katong, wit sing dienggo panggonan
umpetan Pakuwojo diparingi jeneng pohon Kendal (wit Kendal) kang artine
“penerang”. Ing panggonan kuwi Pakuwojo kabuka atine lan pikirane dadi
padang lan mlebu islam. Kali kang digawe panggonan adu kasekten
diparingi jeneng wit Kendal yaiku kali kang mbelah tlatah Kendal, tepate
ing ngarep masjid Kendal. Pakuwojo sing awite karo wong-wong akeh
kondang kanthi jeneng empu Pakuwojo, karo Sunan Katong diparingi jeneng
pangeran Pakuwojo gawe panghargaan amarga dheweke petinggi majapahit.
Awit kuwi Empu Pakuwojo milih manggon ing desa Getas Kecamatan Patebon
lan kala-kala dheweke ana ing padepokane kang letakke ing perbukitan
Sentir utowo Gunung Sentir, lan dadi muride Sunan Katong. Banjur
panggonan ing sekitaring wit Kendal diarani Kendalsari.
Isih ana
keterangan liya kang ana hubungane karo jeneng Kendal. Disebutake yen
Kendal asale saka tembung Kendalapura. Disawang saka jenenge,
Kendalapura iku ana hubungane karo agama Hindu. Artine yaiku Kendal wis
ana awit agama Hindu mlebu ing Kendal. Utowo paling ora ing donga utowo
mantera-mantera pemujaan wis nyebut-nyebut jeneng Kendal.
Uga ana
keterangan kang nerangake yen Kendal asale saka tembung Kendali utowo
kantali. Jeneng iku disebut-sebut karo wong-wong cina kang ana hubungane
karo ditemukake area kang akeh ing tlatah Kendal lan disebutake karo
catatan kuwi yen candi-candi ing Kendal luwih tuwo dibandingke karo
Candi Borobudur lan Candi Prambanan.
Temuan kuwi
pantes diparingi penghargaan lan dadi kekayaane sawijining asal-usul,
nanging akeh masyarakat luwih percaya karo catatan babd tanah jawi kang
nerangake yen jeneng Kendal saka sawijining wit kang jenenge wit Kendal.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar